Bodho iku iso ngobong agomone.. ilmu iku banyu seng nyirep geni iku mau..
Mulo ngajio kw.. masalah seng di wajibno deneng Alloh iku ilmu2 seng biso ngesahake imane sampean,
- Ilmu iku bongso keimanan.
- Ilmu seng iso jejegkno to'ate sampean.
Sak temene akeh2e ahli neroko kerono tobat seng di nde2 ( mengko mengko / nanti nanti ). lan ngenteni nek tobat.. op sok nek wes tuo
- sebab akhirno tobat ngantek ketekan pati.. orak ndong gawene ngaji tp gak diimbangi tobat yo percuma.. kudu seimbang
Angen2 iku ono neng ngarep.. tapi gak ngeti ajal seng ono neng kiwo tengen.. angger ngeti lurus.. iku bakal ciloko nek gak ngeti kiwo tengen...
Dene merkoleh barang kharom lan subhat kalih2e barang kharam.. kalih2e mlencengno akidah secara gak langsong.. sebab subhat meniko ajak2 marang barang kharam, sadar opo ogak!!..
Akhir jaman kok ngindari barang subhat iku mokhal
Jaman akhir iku sitik2e kesrempet barang haram.. jelas angel bgt.. paling orak ngedohi barang subhat..
Nek reti jelas barang harom mending di dohi..
Kanjeng nabi dawoh.
Sopo wonge kelebon barang halal. Tungkak pol patak tundok to'ate..
Mboh karep to'at op gak..
Lan sopo wonge mangan barang kharam iku wes d hukumi maksiat kabeh.. walopun orak nglakoni maksiat..
Senajan nglakoni to'at tp orak d terimo
Alloh ta'ala iku sifate bagos.. mongko gosti Alloh iku seneng barang bagos
Jogoho barang haram senajan cilik
Lan wajib merloleh saking barang subhat kanti wira'i
Jogo bondo ambek duit iku wajib.. nek gak iso nyimpen neng omah.. nek dorurot di simpen neng bank
Lan jenengan sedoyo di wjibke nggolek bondo halal
Kanti sederhana ojo leluihan
Nganggoo pakaian apik ojo berlebihan.
Nek sampean wes biso kerjo nggolek barang halal.. daharo mangan barang halal kanti sederhana.. lan nyandang secukupe..
Sebab barang halal boten sae nek leluwihan..
Iso dadekke gengsi. Ondol. Dll.
Niku mau kanggo tiang seng kasaf..
Nek boten kasak piambake boten pas nek nglampahi kerjo
Cuma tiang saget molah maleh.. tiang kasaf saget dadi tiang tajrit..
Kudune di pindah kerono Alloh ta'alla orak d rencana.. iku pengertian makom tajrit lan kasaf
* " gusti Alloh dawoh.. gusti Alloh gawe jin lan menungso kanggo ngibadah reng Alloh.. "
Mbogawe cuma kanggo alat supoyo metenteng ibadahe
Anak lan bojo yo merupakan alat ojo sampek dadi senjata makan tuan
Kabeh gemebyare donyo iki cuma kanggo mikir ngungkal utek
Op seng dadi ridhone gusti Alloh kudu di tekuni
Menungso iku berfungsi 2 ganda
- metenteng ibadah
- berkehidupan sosial
Cuma nek urusan ibadah iku yo ibadah dohir iku koyo sholat iku miturot wong awam
Nek wong tasawof iku lelampahane dadi ibadah.. tengok2 ibadah.. sedoyo dadi lelamphan ibadah
Seumpomo nglampahi ibadah ngalang2i ibadah kudu medot ibadah seng ngalang2i mau..
Tanda2ne wong ikhlas orak wedi d paedo wong seng maedo kok wong tuone dewe jarno.. iku nunjukke wong seng ikhlas..
Nek wong tuo dasare nggo ilmu rak usag d rungokno..
Wong tuo ngejak salah ojo sampek manot marang wong tuo seng ngono..
Tapi kanti d srawungi kanti apik wong tuo kito..
Supoyo kito netepi ikhlas..
Syeh abul kosim
Seng jenenge ikhlas iku deweke kanti hak neng urusan neng Alloh
Toatmu iki mok nyedakno reng gusti Alloh
Ikhlas iku kejobo pusat ikhlas iku koyo roh.. kapan ogak ikhlas koyo wong kejabot nyowone..
Senajan ora ikhlas pas ngaji kapan diwalik Gusti Alloh piyambake due ilmu soko ngaji mau
Sak walike wong bodho pas diwalik Gusti Alloh wong bodo gak due dasar ilmu..
Puncak2e kerusaan iku wong seng bodo...
Pengertian ikhlas dipon arani beningno / bersihke penggawean saking penglirike makhlok. Ojo sampek kecampuran penglirike makhlok.
Ojo sampek golek pujian soko menungso
Endi2 saklione nyedak reng Alloh iku kudu dipon resiki.
Lan sampean supoyo ngrekso sifat riak..
Sebab riak iku ngejor amal..
Amal seng model perbuatan nek riak iku dadi batal..
Riak iku ngejor amal lan ganjaran
Lan merkoleh bendu lan sikso
Riak iku di arani Kanjeng Nabi sirik sing cilik
Kanjeng nabi ngendikan
Kawitane mahluke Gusti Alloh ta'ala seng keno geni neroko..
Iku wong 3 :
- wong lanang seng moco Qur'an supoyo diarani ahli Qur'an
- wong seng usaha mati sahit.. / wong seng jihat.. due krentek ben diarani wong kendel
- wong seng due duit.. tapi due krentek supoyo diarani wong seng loman..
Sifat riak iku ibarat golek kemolyaan neng ngarepe menungso
Boh iku sholat,poso..lan ibadah liane
Nek sampean noto amal nangeng kerono riak
Mongko mono kui ojo luru selamet sakeng riak,
Kejobo amal2 seng ketok menungso koyo kaji, kurban,, kanti niat d to2
Sifat ujub setengah saking ngrusake setengah amal..
Iso sitik d gawe rumongso iso sekabihane
Ngertio kw bilih luru donyo iku macem2 wernone..
- luru donyo niat kanggo nyambong poro kerabat lan jembarake wong seng sitek2
( di wilang wilang wong seng loma )
Anggadai gadai ganjaran nek cocok kaleg amale..
Wong senf due niat kolo wau podi karo ceritane salabah..
- kerjo niat merkoleh sahwat lan seneng2 diwilang wilang jumlahe poro kewan sapi/wedos
Koyo wong kafir nek due duit akeh seneng/ puas..
- wong luru donyo supoyo kanggo anggak/ ondol/ wah2an
Gengsi2nan
Lan tujuan kanggo akeh2an..
Lan kanggo kebanggaan..
Wong seng koyo ngono di wilang2 dadi wong gomprong/wong koplak.. lan golongane wong seng rusak2..